Rabu, 13 Juni 2018

Teks Pambiworo (pembawa acara) Ngunduh manten

ﺍﻟﺴَّﻼَﻡُ ﻋَﻠَﻴْﻜُﻢْ ﻭَﺭَﺣْﻤَﺔُ ﺍﻟﻠﻪِ ﻭَﺑَﺮَﻛَﺎﺗُﻪُ
ﺇِﻥَّ ﺍﻟْﺤَﻤْﺪَ ﻟِﻠَّﻪِ ﻧَﺤْﻤَﺪُﻩُ ﻭَﻧَﺴْﺘَﻌِﻴْﻨُﻪُ ﻭَﻧَﺴْﺘَﻐْﻔِﺮُﻩُ،
ﻭَﻧَﻌُﻮﺫُ ﺑِﺎﻟﻠﻪِ ﻣِﻦْ ﺷُﺮُﻭْﺭِ ﺃَﻧْﻔُﺴِﻨَﺎ ﻭَﻣِﻦْ ﺳَﻴِّﺌَﺎﺕِ
ﺃَﻋْﻤَﺎﻟِﻨَﺎ، ﻣَﻦْ ﻳَﻬْﺪِﻩِ ﺍﻟﻠﻪُ ﻓَﻼَ ﻣُﻀِﻞَّ ﻟَﻪُ ﻭَﻣَﻦْ
ﻳُﻀْﻠِﻞْ ﻓَﻼَ ﻫَﺎﺩِﻱَ ﻟَﻪُ َ،ﺃَﺷْﻬَﺪُ ﺃَﻥْ ﻻَ ﺇِﻟَﻪَ ﺇِﻻَّ ﺍﻟﻠﻪُ
ﻭَﺣْﺪَﻩُ ﻻَﺷَﺮِﻳْﻚَ ﻟَﻪُ، ﻭَﺃَﺷْﻬَﺪُ ﺃَﻥَّ ﻣُﺤَﻤَّﺪًﺍ ﻋَﺒْﺪُﻩُ
ﻭَﺭَﺳُﻮْﻟُﻪُ. ، ﺃَﻣَّﺎ ﺑَﻌْﺪُ؛
✔Dumateng poro pepunden, sesepuh pinisepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepeoyaning kautaman ingkang pantes nampi pakurmatan.
✔Kunjuk panjenenganipun poro alim para –para ulama, bopo haji saha ibu hajah poro santriwan santriwati ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi, pinangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuing budi.
✔Kunjuk panjenenganipun Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari ingkang minangka pandam-pandoming kawulo dasih.
✔Nuwun inggih para brayat ageng
barayo wiro wiyoto wiro tamtomo
purno karyo labet projo ingkang
sampun wenang nampi wahyuning
kasutapan ingkang satuhu bagyo
mulyo.
✔Poro sedyo werdo carono madyo
tamu kakung miwah putri ingkang
satuhu bagyo mulyo.
✔Mboten katalumpen kadang kulo
werdo mudo taruna mudi taruni
ingkang minangko sekaring projo
ingkang tansah kawulo tresnani.

*Mrandopo awit keparengipun ingkang hamengku gati nuwun inggih panjenenagipun Bp ……(yang punya hajat)… kulo ingkang ingkang
kapitedan hambuko wiwaraning suko dwaraning kondo, jejereng pambiawara punapa dene pranata adicara hangaturaken rantamaning tumapaking titi laksito adicora,
ingkang sampun rinancang dening kadang kulo wongso engkang tertamtu  kaeneraken wonten ing pahargyan agung prastowo ri kalenggahan punikoo.
Kanthi raos panelongso panjenenganipun Bp kulo ingkang hamengku gati nuwun inggih
Bp ……(nama yang punya hajat)… nyuwun dhumateng ngersaning para tamu sutrisno mugi anggenipun ngentas pitulus putrinipun nuwun inggih nimas dyah kusumaning ayu
Rr …..(nama pengantin putri)…… ingkang badhe kadaupaken kaliyan Bagus… (nama pengantin putra)… atmajo panjenenganipun Bp ….(nama orang tua dari pihak besan)… ingkan g pidalem wonten ing …..(alamat)…. Mugi anggenipun
netepi dharmaning asepuh hamiwowo suto mahargya siwi tansah kali s ing rubedo nir ing
sambikolo soho tinebehno saking siku dendaning Gusti ingkang maha Kuasa.
Sang yaning poro tamu kakung miwah putri ingkang dhahat pinundhi-pundhi. Kaparengo
kulo sumawelo atur saho ngigeg anggen panjenengan wawan pangandikan saho imbal
wacono ingkang saperlu badhe hangaturaken urut reroncening adicoro wonten pahargyan
agung prastowo punika.
Bilih adicaro ingkang angka:
1. Binuko pahargyan agung prastowo
2. Sowanipun temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasono rinenggo
3. Atur pambagyo harjo
4. Pasrah gatining karso saking
sesulihing besan
5. Panampi saking sesulihing ingkang hamengku karso
6. Panjrahing sari puspito adi punopo dene panggihipun risang pinanganten
sarimbit purno diniro panggih, badhe kapacak upocoro adat widi widono kacar kucur, dulangan, timbangan saho sungkeman. Wondene
pratondo paripurnaning paharyan menawi temanten sarimbit sampun jengkar saking sasono rinenggo hanuju sangajengipun balai wismo, tanda yekti pawiwahan sampun paripurno.
Wassalamualaikum wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar